Wujuding lelayang kang kasimpen ing sajeroning kotak abang, saktlerap kedawa-dawa ngangen-angen sing wis kedaden. Nyenyet, mung ana lelamun sing tumindake kaya brambang abang, bisa gawe mrebes mili ngrungkep sedhakep tangan. Suara jangkrik sing biasane kudu ana, sinulih udan deres sing nambah-nambahi abot rasaning rasa sing kadung nggondheli.
Krekat kreket… Obahing uwit lan suara godhong sing pating sesamplukan, gawe giris. E lha gene, sing isih melek mung Rasti. Ibune sajak wis katrem ana ing impen-impen. Omah ing sapinggiring alas, dirubung wit-witan sesandhingan karo tangga teparo sing mesthi wis padha ngglethakke awak merga lungkrah bubar nyambut gawe sedina muput.
Mbaleni lelayang sing tinata rapi lan ora ana sing untel-untelan, nadyanta cacahe mung siji. Seprana seprene ngenteni wangsulan kang dadi pangajab, rasane kaya ngudhali ati dhewe. “Layang kangenmu, Mas Adi”. Iseping madu, rasane sepa. Sawangane manis, ora ngertiya yen rasane kaya keiris lading sing mingis-mingis.
Sinambi sesendheran mbukaki tumpukan layang, jebule Rasti ketiban ngantuk sing ora bisa tak tahan. Aku keturon, mbuh wiwit jam pira. (Rasti )
Wanci jumedhuling srengenge ing sisih wetan, jago kluruk pating rebutan. Ora nyana, wiwit mau bengi Rasti turu ana ing ruang tamu kanthi nggawa layang saka Ardi kang isih ana ing tangan sisih tengene. Ngerteni kahanan kaya mengkono, Ibune kaget lan kanthi alon-alon, nguculke layang kang isih gumejeng ing tangan tengene Rasti. Dioyak rasa pengen ngertine, geneya turu we ndadak nggujengi layang, jan-jane layang apa lan saka sapa.
Bareng pungkas anggone maca layang mau, Ibune banjur ngelus rambute anakke. Geneya seprana-seprene Rasti isih nyimpen rasa tresna kang jero karo Adi, bocah lanang sing nggawe sengsem anake setaun kepengker. Kerasa ana sing nggugah, Rasti banjur mak gregah melek. Bareng thingak-thinguk nggoleki, jebul Ibune wis sumingkir menyang pawon. Wedi mbok menawa Rasti ngerti dhewekke lancang maca layang kang tumujune kanggo Rasti.
Ibune Rasti pancen prigel lan cekatan, dadi wong wadon kang kudu nguripi awake dhewe karo anake. Wis genep 8 tahun, Rasti lan ibune ditinggal mati karo bapakne Ratri. Urip saomah wong loro, pancen rasane nyenyet.
“ndhuk, sarapan dhisik”
“nggih bu”
Nyawang pasuryaning anakke, sajak lungkrah lan ora duwe greget.
“ndhuk, ana apa? Kok katon susah ora kaya biasane?
Sanadyanta, ibune kerasa ngerti yen anake lagi nandhang susah mesthi amarga bubar maca layang-layang saka nggone Ardi mau bengi.
“ah, boten napa-napa”
“hmmm… yen ngono, ndang sarapan dhisik”
Ana ing ndhuwur meja, wis thirik-thirik panganan jumejer, mung kari njupuk lan ngicipi. E lha, jenenge we lelakon, nalika bebarengan njupuk piring, tangan kiwane nyampar gelas kang ana ing sandhinge. Krompyang, pecah!
Ibune maktratap ana ing dipan kang biasa kanggo njahit. Tangi lan marani anakke sing lagi njupuki pecahan beling ing sangisoring meja, “Rasti, ana apa?”
“menika kala wau, kula nyampar gelas , Bu. Nyuwun pangapunten”
Ngadhepi anake kang lagi susah keranta-ranta, Ibune banjur ngewangi njupuki pecahan gelas.
“ndhuk, ndak iya apa sing maraki sliramu kok lungkrah? Apa ana gayutane karo layang-layang sing mbok waca mau bengi?
Kaget menawa ibune wis ngerti. Rasti banjur sumaur gregah. “ibu?!”
“ibu njaluk pangapura, yen mau ibu maca saperangan layang sing mbok gujengi”
Tambah ora karuan kahanan atine, yen keprana ibune wis ngerteni lelakon sanyatane. Kanthi praupan bingung arep nyauri apa marang ibune.
“ndak iya ndhuk, sliramu isih duwe tresna marang Adi, kena ngapa kok sesulih ganti pepacangan karo Hari?”
“kula boten mangertos kedah wangsulan napa, Bu. Kula nggih bingung”
“geneya, sejatine anggonmu tresna kuwi marang Adi, kena ngapa mbok peksa-peksa kudu Hari”
“inggih Bu, kula taksih tresna sanget marang Mas Adi”
“ning kena ngapa, sliramu kudu milih Hari. Ora sumeleh ndhuk anggonmu ngangen-angen. Bab apa wae, yen mula bukane amarga kepeksa, ora becik, ndhuk”.
“dhuh ibu, kula kedah kados pundi. Kula menika wanita, Bu. Lak inggih boten limrah nggujeki tiyang kakung ingkang dereng mesthi dados kakungipun”
“iya ndhuk, sliramu ora salah. Yen ngono, tali asihmu karo Hari bakal terus to, ndhuk?”
“inggih, Bu. Pangajab kula, nadyanta samenika kula taksih dereng saged mindhah rasa tresna kaliyan Mas Adi kangge Mas Hari, ananging kula bakal saestu njagi menika”
“yen ngono, ndhuk, ibu mung manut kowe. Bot repote mengko sabisa-bisane dipikul bareng, aja mung mbok rasake dhewe”.
“inggih, Bu”
Ora let suwe bubar anggone ngudarasa, keprungu suara wong lanang sing uluk salam ana ing njaba.
“assalamu’alaikum”
“wa’alaikumsalam”
Rasti mangsuli sinambi mbukake lawang kang isih kancingan. Jebul lelanang sing teka kuwi Hari.
“mas Adi?! (Rasti kaget)
“dhik Rasti”
Adi gage ngrungkep awake Rasti kang kaku njejejer ana ing ngarepe
“aku kangen banget, dhik”
Kaya digugah saka impene, ambegane Rasti ora karuan. Dheweke namung bisa meneng lan ora bisa nolak rasa kangen kang uga dheweke pendhem setaun suwene.
“dhik, sliramu ora kena apa-apa to?”
“geneya, layang-layangku ora mbok wangsuli. Ana apa?”
Pitakone Adi ndludur ora kena dipenggak.
“mas, mangga pinarak mlebet rumiyin”
“dhik, sajake tekaku mrene kok malah gawe susah sliramu. Apa sliramu ora kangen karo aku?”
Isih kaget ndenangi tekane Adi ana ing ngomahe, Rasti bingung kudu muni piye.
“dhik, apa tenan sliramu wis ora tresna karo aku”
Nguyak wangsulan kang ditunggu-tunggu saka suarane Rasti. Adi nggujengi tangane Rasti.
“Mas…… “
Kaya-kaya suara kang ana ing sajeroning gulu ketenggel, ora bisa muni.
“Mas Adi, kula taksih tresna sanget marang njenengan”
Krungu wangsulane mengkono, dheweke banjur ngrungkep awake Rasti.
"dek, aku uga tresna banget marang sliramu. Geneya, awakdhewe ora gage menyang nggone pak naib? Ayo mangkat saiki, ben awakdhewe diijabke"
"njenengan niku sembrana!"
"lha piye? wong wis padha-padha manteb karo rasane dhewe. iya to?"
"boten, Mas! Kula pancen taksih tresna panjenengan. Nanging, kahanane pun beda"
"apane sing beda?"
............................................................................... (ana candhakke)
Menika minangka TUGAS MATA KULIAH SANGGAR SASTRA.

0 komentar:
Posting Komentar