Wus kedaden
lakon bangsa nandhang sungkawa
Konangan ing
kanyatan
Eluh getihe
wong cilik muspra aji
Ketenggel
salaku jantrane kang murba wisesa
Rumangsa
melu handarbeni
Sakabeh-kabeh
dikukuti
Among nguja
awake dhewe
Tan kena
kendat lan cinegah
Dening apa
kang dadi darmane
Yen wis tiba
wancine
Kang salah
bakal seleh
Nadyanta wus
sinebat satria kondhang kuncara
Iku mung
amarga durung wayahe kangerten
Laku
hambeging dasamuka
S e r a k a
h !!!
kanyatan, rakyat ora bisa ngonangi kanthi mata kentara
Ananging,
rasa kapidhak, katindhas ukum welut negara
nyata krasa
nekak gulu,
durung
garing koreng wingi sore
malah
reka-reka katindhih maneh banyu tremos ngutahi
ora beda
kaya dene watak sengkuni
lamis,
umuk!!!
yen panguwasa nagara kelakon ngrubengi akal okole para kurawa
yen panguwasa nagara kelakon ngrubengi akal okole para kurawa
bakal
panggih wancine
negara
ambruk amarga penuwune dhewe.
0 komentar:
Posting Komentar