Bali minangka tombak cucuking wiyaripun agama hindu wonten ing Indonesia. Sedaya ritual upacara ingkang gegayutan kaliyan agama hindu samepta wonten ing mriki. Lumantar saking menika, mbok bilih kepareng matur menawi Bali menika saged nyuguhaken nuansa spiritual ingkang estu ndamel grengsengipun manah. Awit, sedaya lampahing gesang padintenan tansah dipunwiwiti kanthi memuji dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih.
Mangertosi lan kersa nindakaken kewajibanipun minangka kawulaning Gusti, inggih paring pepuji satemah anggayuh hayuning bawana. Hayu, ayu, rahayu, minangka pangajabing tiyang gesang amrih saged nemahi rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Lampah minangka netepi kewajibanipun kawula Gusti, katindakaken miterat menapa ingkang dados kapitadosanipun tiyang ing gesang menika. Lumantar wulanganipun agama, kejawi nindakaken ibadah, sedaya ugi anggadhahi tanggel jawab amemangun karyenak tyasing sesama.
Bali, nostalgia nuansa spiritual Mekkah kabombong wonten ing mriki. Menawi saben enjang saking griya setunggal dumugi griya sanesipun saged mirsani tata lampahing tiyang hindu Bali ingkang memuji dhumateng pangeranipun, kados pundi menawi tiyang Islam sampun dumugi wekdalipun ibadah sholat lajeng sami renteg-renteg sowan dhateng Gusti Pangeranipun.
Komentar
Posting Komentar