Langsung ke konten utama

Cerita Cekak : Kecelik


Nandhang lara, banget suwene. Mung arep nyawang srengenge wayah esuk, kaya-kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga. Sepira ta abote, ngungak sedhela nglegani karepe ati. Ah ya ngono, pancen yen dudu karep dilakonana bakale mung oleh separo, kuwi wae menawa bejo, akeh-akehe malah “golek uceng kelangan delek”. Halah geneya, jamanku sekolah biyen, wis pirang bocah wadon sing tak gawe lara, saiki jumbuh apa kang dadi tumindakku nalika isih bujang tanggung. Seprana seprene ngenteni wangsulan kang dadi pangajapku, rasane kaya ngudhali ati dhewe. Diah, bocah ayu sing maraki gandrung atiku, tegel gawe lungka ana ing sajroning pangarepku. Mbok iya o, dheweke ndang gelem tak rabeni. Wis ora betah aku ngampet rasa kang ngadhul-adhul awakku iki. Saben-saben kudu ketar-ketir menawa ana bocah lanang sing dolan neng ngomahe.
Limang sasi, sangang sasi, genep setaun wangsulane ajeg: “yen jenengan kanti, entenana bibar lulus sarjanaku”. Rada semeleh atiku barang krungu pocapane kaya ngono, nadyanta aku dhewe kudu bisa nggondeli rasa kuciwaku.
Wanci tibaning srengenge ing sisih kulon, “thilulit thilulit” hp-ku muni. Barang tak delok, Pak Ratman nelpon. Yo pancene ngono, yen bose sing nelpon, hp-ne njuk langsung disaut.
“Hallo, Assalamualaikum Pak” , Suaraku lirih tur alon banget
“Waalaikumsalam”, Pak Ratman sumaur
“Wonten menapa Pak, kok njanur gunung nelpun kula”
“Ngene lho, wingi Pak Ahmad, bos-e sing ana pusat Jakarta kae sakbibare maos seratan-seratanmu ana ing redaksi, panjenengane kepencut menawa awakmu bakal ditarik neng Jakarta”
Saknalika, “deg” rah ana ing awakku kaya mandeg nggubel jantungku. Kaya-kaya ora bisa tak percaya, impenku bisa kerja ana ing ibukota negara, Jakarta bakal kelakon. Pancen wiwit pisanan nalika aku dadi wartawan lokal ana ing Jogja iki, wis dadi pangarepku yen besuk bisaa nlapake sikil ana ing tlatah panguasane pak Jokowi, Gubernur Jakarta sing saiki lagi njabat. Ora suwe-suwe nunggu nglangut arepe ngungak kutha sing dadi  sumber upa bocah enom-noman ing desaku, pendak esuke, aku kudu wis check in ana ing Bandara Adi Sucipto. Mangkat kono, aku wis keprana banget bungahe.
Sesasi luwih sethithik, aku wis bisa ajeg karo pagaweyanku ana ing Jakarta saiki. Kelingan kahanan ngomah, aku nelpun ngabari Simbah Kakungku lan sithik edhing aku iyo paring kabar menawa artone wis dak-transfer. Gemati iya lumrah, amarga kawit aku indhil-indhil nganti bisa gedhe saiki iya kasil upakarane simbah. Bapak ibuku pisahan nalika aku umur 2 tahun, dadi bocah sing durung ngerti istilah “pegatan”. Yo ngene, anak mbarep saka wong tuwa loro. Bapak budhal menyang Kalimantan, bareng duwe bojo anyar. Dene ibu ora nganti let setaun saka pisahan kuwi mau, Gusti ngersake. Yo lumrah to, menawa luwih gemati marang simbahe.
Ah iya piye kabare, saiki aku wis mapan. Omah wis ngadeg gagah, gaji teka saben wayah, gur kari nunggu wangsulane dhek Diah. Wis ora suwe maneh, aku bakal nyandhing slirane. Rasa ana ing njero atiku iki krasa muyug-muyug arep ndang dakculke nguyak bocah wadon kang gawe gandrung atiku patang taun kepungkur iki. Kudune wis wayah lulus, nanging atiku kok iya isih thingak-thinguk. Mbabat rasa penasaranku, hp dakjupuk. Eh, durung nganti tak urepke, hpne malah muni dhisik. Ana sms mlebu. Dakbukak, sms saka dhek Diah. “kersane Gusti, Alhamdulillah ujiane kula lulus mas”. Aduh-aduh, sirah sing maune kemutuk rasane kaya ketiban banyu es, cleeesss. Bungah rasane. Ora suwe dakwangsuli, “aku iya melu seneng dhek. Banget malah. Pancen, kabar kuwi sing daktunggu-tunggu. Kapan wisudane?”. Aku nunggu rada suwe, ah iya lumrah, wong putri rak iya nyambut kana kene, nyekel hp we menawa ana perlu wae. “cek guek”, hpku muni. Eh lha, smsku dibales.
“Mbenjang tanggal 20 Desember, Mas”. Ah, pengen banget rasane bisa ngancani dheweke wisuda, nanging yen tanggal semono, aku kudu ngliput nang Amerika, wayahe udan salju. Aduh kepriye iki. Bingung arep sumaur apa, aku mung jawab “mugo-mugo lancar ya, Dhek”. Dheweke bales “inggih mas, aamiin”. Bocah ayu iki, pancen apa perlune wae.
20 Desember wis kelewat, saiki wis sasi Januari. Aku wis bali nglangut meneh, kekancan karo kahanane kutha sing paling awet macete. Tlakson muni kana kene, montor sliwar-sliwer sakpenake dhewe. Ah, kuthane Indonesia.
Sasi Pebruari aku duwe rencana muleh, tilik simbah, nadyan sing paling baku mung arep nglirik paras ayune dhek Diah. Sakdurunge, aku nelpon simbah, menawa sasi kuwi aku bakal mulih. Ora isin-isin aku njaluk yen wanci kuwi, aku pengen ditembungke dhek Diah. Simbah iya saguh. Apa wae kang dadi ubarampite wis dakpasrahke simbah. Januari akhir, aku nampa telpun saka dhek Diah. “mas, pripun kabare?”
“Apik dhek, sliramu piye?”
“Alhamdulillah, kula ugi sae mas”
“Ana wigati apa, biasane aku ta sing telpun?”
"Hehe, mosok jenengan terus sing telpun. Kula mboten pareng?”
“Yo bukane ngono, iki ora biasa wae”.
meneng rada suwe, njuk sumaur meneh.
“Maass”
“Iya dhek?”
Menenge suwe banget, njuk ora sumaur maneh. Aku nunggu. Ujug-ujug telpune mati. Tak enten-enteni mugo-mugo dheweke telpon maneh, mbok menawa pancen ana sing arep diomongke tenanan. Rong menit, limang menit, nganti rong puluh menit. Ah yo, nek ngono aku wae sing telpon. Eh hla, tat tut tat tut jebule telponku ora disauri. Bareng ngono, aku malah saya pengen ngerti, apa karepe Diah mau, mosok gur takon ngono kuwi tok. Aku banjur ngirim sms “dhek, jane apa ta sing arep kok-aturke?”. Ora let suwi, njuk dibalesi “Tanggal 24 Pebruari Insya Allah badhe walimahan mas”.
Aku bingung, maksude apa iki sing dikarepke Diah. Tak walesi smse “sapa karo sapa, dhek?”. Jawabe cekak tur cetha banget. “Kula kaliyan mas Iwan”. Biyuuuh rasane ati iki, kaya kesaut wesi panas bar dipanggang saka mawa sing mongah-mongah. Jleg. Kaya-kaya sirah, jantung, tangan, sikil mrotholi dhewe-dhewe. Aku meneng, suwiii banget.
Sejam, rong jam, patang jam kelakon, aku kudu adu lambe iki. Diah dak-telpon.
“Hallo, Assalamualaikum” wangsulane alus, adhem sisan. Apa bisa tega nyempalke atine.
Dak-jawab “Waalaikumsalam” kepedhot kahanan ati sing wis awut-awutan. Clep klakep. Meneng sawetara siji lan sijine.
“Dhek, smsmu mau rak gur guyon ta?” aku nanjihke kasunyatan sing milara iki.
“Mboten mas, menika saestu”. Wangsulane tetep wae alus, ning ngertia kok-ya kudu gawe lara.
“Kok sliramu banget tegele, wis ngerti barang tresnaku iki awit patang taun kepengker. Sliramu iya saguh njaluk dienteni bubar lulus sarjana, kok saiki malah mblenjani janji”
Meneng suwe. Ora nyuwara. Mbasan sumaur dheweke omong nanging ora basa kaya biasane.
“Aku iki wanita, Mas. Ora lumrah nggujek wong lanang sing dudu sapa-sapane. Nalika aku ngabari lulus kae, Mas Iwan wis nglamar sesasi sadurunge. Aku iya bingung, ngertia yen aku ki nunggu-nunggu sampeyan ndang mara ngalamar awakku. Bab janji, aku nyuwun ngapura. Aku lan sampeyan ora duwe sesambungan apa-apa. Gur modal janji, njuk sing tak gondeli apa?”
Aku blas ra nyuwara. Atiku kaya ketali kabel listrik sing moncek lan isih ana setrume. Nangis wis ora isa. Anane gur nyawang awak kang saya suwe saya lungkrah. Mangan ra dadi daging, ora mangan rasa luwene wis ora krasa. Anane mung sedhih. Ngeyem-ngeyemi ati dhewe. Lilakna wae Gas, kepeneran Diah oleh bocah lanang sing apik budine, dhewekke uga kanca kenthelmu wiwit SMA nganti kuliah.
Yuuh, kepriye rasane ati iki.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Memilih Pulih

Apa yang dilihat mata, kadang memang  belum tentu yang sebenarnya,  Maka akal sehat ada,  untuk menyangkalnya.  Beruntung, ada ia yang membantu  hingga prasangka itu sempat menjadi buntu.   Sayangnya, kisah, akhirnya menagih waktu,  Pelan-pelan banyak cerita menyatu,  Hingga kata terangkai, terdesak ia mengaku. Mungkin tersudut & terpojokkan. menjadi merana, sebab batas yang ia abaikan.  Jiwanya koyak, batinnya tak lagi aman.  Baginya, setiap pesan adalah ancaman.  Sisi lain,  Luapan amarah yang terbingkai dalam baris kalimat panjang justru membuat luka,  nasehat tak sanggup menyentuh dada.  ia menjadi patah asa, hingga nyata memberinya tanda.  Tak lagi mengganggu yang dikasihi,  dengan tajamnya kata.  Nampak tak lagi menyakitinya,  tapi mengungkitnya dalam tulisan panjang di beranda. Apa bedanya?  Beralasan ia juga punya luka,  yang menuntut disembuhkan.  bukan tentang cela yang...

Sebelum Bernama

  GERBANG RASA   Tulisan ini tidak lahir dari satu peristiwa besar, melainkan dari hal-hal kecil yang terlalu sering dibiarkan berlalu karena tidak punya nama.   Ia tumbuh dari jarak yang mula-mula terasa wajar, dari kebersamaan yang disebut aman, dari diam yang dianggap cukup untuk menjaga banyak hal agar tetap utuh. Di halaman-halaman ini, tidak ada tuduhan yang lantang. Yang ada hanyalah catatan seorang saksi— tentang batas yang pelan-pelan menjadi samar, tentang kepedulian yang menjadi beban, tentang kelelahan menahan sesuatu yang seharusnya tidak ditanggung sendirian.   Ini bukan kisah tentang benar dan salah yang hitam-putih. Ini adalah kisah tentang “hampir”, tentang niat yang tidak selalu jahat namun berani berdiri terlalu dekat dengan jurang. Tentang kata-kata baik yang kadang dipakai untuk menenangkan nurani, bukan menghentikan langkah.   Tulisan ini juga bukan tentang mereka. Ini tentang seseorang yang belajar ...

Cagak Apa Empyak

Kahanan negara kok saya suwe tansaya ora karuhan. Sing mula bukane saka rega BBM mundhak, banjur mudhun mintip-mintip kaya munggah gunung merapi, maju saklangkah mundure ping pindho. We lha, bola-bali pancen kahanan, dadiya wong cilik bisane mung nyuwara paling dhuwur mung isa sambat karo nggresula. Musibah sing ora kira wujude, kaya longsor Banjarnegara, motor mabur Air Asia tiba, Banjir, pasar kobong, lan mbok menawa isih akeh maneh. Ora marem karo berita musibah, e lha dalah, kok isih ketambahan lelakone pejabat sing nemen ngisin-ngisinke ukum negara. Mbiyen ugawis nate kedadeyan, KPK vs POLRI, saiki kok dibaleni meneh. Dinalar-nalar kok ketemune mung isi kewan, endi sing cecak nglawan kadal, banjur alihan menyang kadal nglawan baya. Idhak-idhak melu mikir, malah kadhang kala nambahi bubrah.Sakora-orane yen direwangi mikir, negarane isa mapan lan mener, jenenge we lelakon, jebule malah uripe dhewe pating klawer. Wis, nek ngono luwih karuhan ngangsu banyu tinimbang melu nggrundhe...