Selasa, 03 Desember 2013

Wanci

Ana titi wancine
Nalika srengenge lumampah muruki rina
Angubengi jagad saisine
Sinawang abyor, kang wengi angrumpaka lintange
Ana titi wancine
Nalika badan among titipan
Yen Gusti kersa, lilakna
Kemara dhuka , kinasih amung mrebes
Tumetes eluh , ketaman sungkawa.

Dhewe tan bisa nolak, lamun jatah wancine wus nagih.

0 komentar:

Posting Komentar