Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2013

Profil : Sejarawan Kondhang ing Ngayogyakarta

Miyos wonten Bantul, Yogyakarta, 18 September 1943. Priyayi ingkang nyerat buku cacah 50-an langkung menika minangka Guru Besar Emiritus Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada Yogyakarta. Panjenenganipun menika tiyang ingkang tresna sanget babagan kearifan budaya Jawa, ewasemanten anggenipun nglampahi sesambetaning gesang, Bapa Kuntowijoyo menika kawastanan grapyak sumanak, lembah manah kaliyan sinten kewamon. Tilar donya, dinten Selasa 22 Februari 2005 tabuh 16.00 amargi komplikasi gerak sesak napas, diare lan ginjal. Garwanipun Drs. Susilaningsih MA, putranipun: Ir Punang Amaripuja SE MSc kaliyan Alun Pradipta Buku-buku kondhang anggitanipun inggih menika: Paradigma Islam: Interpretasi Untuk Aksi [1991], Identitas Politik Umat Islam [1997]. Minangka sejarawan, Bapa Kuntowijoyo menika ngajeni sanget kearifan budaya jawa. ilmu saha pamanggihipun bab sejarah lan budaya kasebat kiyat, awit saking menika saben-saben paring piwucal, panjenenganipun asring mucalaken tul...

Cerita Cekak : Kecelik

Nandhang lara, banget suwene. Mung arep nyawang srengenge wayah esuk, kaya-kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga. Sepira ta abote, ngungak sedhela nglegani karepe ati. Ah ya ngono, pancen yen dudu karep dilakonana bakale mung oleh separo, kuwi wae menawa bejo, akeh-akehe malah “golek uceng kelangan delek”. Halah geneya, jamanku sekolah biyen, wis pirang bocah wadon sing tak gawe lara, saiki jumbuh apa kang dadi tumindakku nalika isih bujang tanggung. Seprana seprene ngenteni wangsulan kang dadi pangajapku, rasane kaya ngudhali ati dhewe. Diah, bocah ayu sing maraki gandrung atiku, tegel gawe lungka ana ing sajroning pangarepku. Mbok iya o, dheweke ndang gelem tak rabeni. Wis ora betah aku ngampet rasa kang ngadhul-adhul awakku iki. Saben-saben kudu ketar-ketir menawa ana bocah lanang sing dolan neng ngomahe. Limang sasi, sangang sasi, genep setaun wangsulane ajeg: “yen jenengan kanti, entenana bibar lulus sarjanaku”. Rada semeleh atiku barang krungu pocapane kaya ng...

Feature Objek : Nostalgia Mekkah ing Kutha Sewu Pura

Bali minangka tombak cucuking wiyaripun agama hindu wonten ing Indonesia. Sedaya ritual upacara ingkang gegayutan kaliyan agama hindu samepta wonten ing mriki. Lumantar saking menika, mbok bilih kepareng matur menawi Bali menika saged nyuguhaken nuansa spiritual ingkang estu ndamel grengsengipun manah. Awit, sedaya lampahing gesang padintenan tansah dipunwiwiti kanthi memuji dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih. Mangertosi lan kersa nindakaken kewajibanipun minangka kawulaning Gusti, inggih paring pepuji satemah anggayuh hayuning bawana. Hayu, ayu, rahayu, minangka pangajabing tiyang gesang amrih saged nemahi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Lampah minangka netepi kewajibanipun kawula Gusti, katindakaken miterat menapa ingkang dados kapitadosanipun tiyang ing gesang menika. Lumantar wulanganipun agama, kejawi nindakaken ibadah, sedaya ugi anggadhahi tanggel jawab amemangun karyenak tyasing sesama. Bali, nostalgia nuansa spiritual Mekkah kabombong wonten ing mriki. Menawi sabe...

Opini : Keli Dudu Keri

kautaman piwulang adiluhung ketenggel kelawan kang murba misesa nalika sruning budaya lan sastra sirna ngeli sinebut kari separo sajroning ati mung ngudarasa apa iki pancen wis tumeka ramalan Prabu Jayabaya wong jawa kari separo wong jawa ilang jawane aku iki ditundhung minggat saka lemahku dhewe gremat-gremet ngudhali kawruhing budaya kono kene mung sinawang blawur Ah iyo, Karepe ben diarani modern Nanging ngertiya, dhewe iki ketinggalan jaman iya, kelangan jawa iya uga. eee ... eee wee lha! saking smkn4jkt.sch.id Jawa Geger? Ketaman saweg nandhang gela, amargi salah satunggaling unsur budaya jawa, inggih menika basa jawa badhe dipunpegat kawontenanipun dening ingkang mengku kuwasa pamarintahan. Kados pundi bangsa Indonesia menika badhe dipunajeni dening bangsa sanes, menawi kanyata piyambakipun mawon mboten kersa ngajeni dhumateng awakipun piyambak. Ketingal saking wacana Menteri Pendidikan, Muhammad Nuh ingkang badhe nilaraken basa daera...

Wanci

Ana titi wancine Nalika srengenge lumampah muruki rina Angubengi jagad saisine Sinawang abyor, kang wengi angrumpaka lintange Ana titi wancine Nalika badan among titipan Yen Gusti kersa, lilakna Kemara dhuka , kinasih amung mrebes Tumetes eluh , ketaman sungkawa. Dhewe tan bisa nolak, lamun jatah wancine wus nagih.

Lakone Negara

Wus kedaden lakon bangsa nandhang sungkawa Konangan ing kanyatan Eluh getihe wong cilik muspra aji Ketenggel salaku jantrane kang murba wisesa Rumangsa melu handarbeni Sakabeh-kabeh dikukuti Among nguja awake dhewe Tan kena kendat lan cinegah Dening apa kang dadi darmane Yen wis tiba wancine Kang salah bakal seleh Nadyanta wus sinebat satria kondhang kuncara Iku mung amarga durung wayahe kangerten Laku hambeging dasamuka S e r a k a h !!! kanyatan, rakyat ora bisa ngonangi kanthi mata kentara Ananging, rasa kapidhak, katindhas ukum welut negara nyata krasa nekak gulu, durung garing koreng wingi sore malah reka-reka katindhih maneh banyu tremos ngutahi ora beda kaya dene watak sengkuni lamis, umuk!!! yen panguwasa nagara kelakon ngrubengi akal okole para kurawa bakal panggih wancine negara ambruk amarga penuwune dhewe.