Minggu, 01 Maret 2020

Sing Lumrah

Angudi lathi anggone ngracik ukara
ngalembana lan mbebungah ati,
anyingkiri tetembungan,
kang bisa milara ati.

Geneya, nalika padha ngendika
ora nganggo duga kira,
paugeran disasak,
mblarah tekan mrana-mrana.

Kamangka,
yen wong gawe luput,
kuwi rak ya lumrah,
ora gage-gage nibakke pangipat-ipat

"Dadiya banyu ora gelem nyawuk,
dadiya godhong ora bakal nyuwek."

Dudu kaya mengkono,
sing diarani paseduluran ya, ngger.




Samirono, 23 Februari 2020

0 komentar:

Posting Komentar