Senin, 25 November 2013

Artikel Budaya : Festival Lontar , Rinaketing Budaya Adiluhung ing Tlatah Bali

Aksara kina Bali inggih menika salah satunggaling asiling cipta, rasa lan karsanipun para sesepuh Bali ing wekdal kapungkur. Keprana bilih, aksara menika kaginakaken minangka titikan/ tetengering peradaban jaman ingkang sampun kalampahan ewonan taun dangunipun.

Ing wekdal samenika aksara ingkang dipun-ginakaken kangge serat sinerat estunipun sampun kajumbuhaken kaliyan paugeraning aksara asiling pirembagan internasional. Awit amrih saenipun, setunggal bangsa kaliyan bangsa sanesipun menika kedah saged komunikasi lan paring infomasi bab warta ingkang kadadosan ing negaranipun.

Sanadyan, aksara samenika langkung kondhang lan universal, ananging kirang mranani ing penggalih menawi dhaerah ingkang sampun majeng lan kawentar ing laladan Internasional, nilaraken warisan budaya leluhuripun.

Ewa semanten, tanggap sasmita bab kawontenan menika njalari pamrentah ing tlatah Bali ngupiyaken supados aksara kina ingkang wonten ing Bali menika boten lajeng dipuntilaraken. Awit naskah-naskah ingkang dados pralampita lan gegamaning gesang tiyang Bali ing jaman rumiyin kaserat mawi aksara kina.
 
Ngengingi bilih wosing naskah menika ngemu piwulang gesang ingkang sae, pepenginan supados generasi mudha menika boten kados bebasan, kacang lali kulite, pramila sedaya upiya katindakaken amrih para mudha menika saged tepang kaliyan aksara kina Bali ing jaman modern samenika.

Wondene salah satunggaling upiya menika inggih festival lontar ingkang dipunadani saben taun. Adicara menika katindakaken minangka wujud tresna lan bombongipun manah tiyang ing jaman samenika kaliyan wohing cipta pamikiring tiyang sepuh ing kala rumiyin.

Wontening festival lontal menika, sedaya ingkang ndherek ngregengaken adicara menika kedah nyerat mawi aksara kina Bali wonten ing ron lontar. Dene ingkang dados pangregeng inggih menika bocah sekolah, para mudha lan mahasiswa.

Adatipun ingkang sampun-sampun, bilih naskah ingkang dipundadosaken cepengan nyerat wonten ing adicara menika kalebet naskah ingkang bobotipun ringan, sanes kitab mantra menapa dene kitab agama.

Sinaosa mekaten, sinten kemawon ingkang badhe ndherek nyerat naskah menika ugi kedah laku sesucen rumiyin, awit taksih dados kapitadosan bilih sedaya naskah kina menika kawastanan suci. Wondene lampah sesucen menika inggih siram lan ujar boten badhe ndamel wirang awakipun piyambak.

Gegayutan kaliyan adicara ingkang mbetahaken ron lontar ingkang boten sekedhik menika, pramila budidaya wit lontar ugi katindakaken dening masyarakat Bali. Boten ndamel perkawis bilih kawontenanipun ron lontar taksih saged katanem wonten ing siti pundi kemawon.

Kangge ndamel supados ron lontar menika saged dipunginakaken kangge nyerat pramila, wujuding ron kedah dipundamel alus rumiyin. Lampahipun ndamel inggih menika kados ingkang kababar dening juru pangemban Museum Gedong Kirtya ing ngandhap menika:
a. Ron lontar ingkang sampun saged kangge ndamel carik, adatipun anggadhahi titikan pucukipun sampun cemeng.
b. Lampah salajengipun, ron ingkang kapendhet menika dipungodhok
c. Menawi sampun radi empuk, lajeng dipunangin-anginaken
d. Supados anggadhahi wujud ingkang alus, pramila ron ingkang sampun kapepe kalawau lajeng dipunpasah.
e. Kangge ndamel garis-garis amrih seratanipun rapi, ron menika dipungarisi rumiyin
f. Dicat, supados carik ron lontar menika boten gampil risak lan dipangan rayap.

Minggu, 24 November 2013

News Feature : Wayang Kulit Diorak-arik Kahanan, Apa Tenan?

Salah satunggaling warisan budaya ingkang kasebat kondhang lan nedahaken bilih bangsa Indonesia menika sugih tembunge, wibawa solahe, inggih Pagelaran Wayang Kulit. Nalika Jaman taksih pinayungan kanjeng sunan, Wayang Kulit menika minangka sarana kangge nepangaken ajaran islam ingkang ancasipun ngowahi kahanan gesangipun masyarakat ingkang ketingal blawur kaliyan agama. Awit saking menika wayang salajengipun dipunwastani tontonan ingkang ngandhut tuntunan.


Ubek ogaking budaya asing wontening jaman samenika, kasebat ndamel ajrih bilih kawontenan wayang saged katindhih owahing kahanan menika. Jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunraosaken dening kawula mudha ingkang mrihatosaken babagan perkawis menika, pramila BEM FBS UNY kerja sama kaliyan HIMA JAWA ngawontenaken “Bincang Bimbang Mahasiswa” mapan ing Pendhapa Teja FBS.

Kangmas Hendro (Korbid Pedhalangan Kamasetra 2012) minangka pamedhar sabda wontening adicara menika ngendikakaken bilih wayang kulit menika, sejatosipun badhe tetep wonten ing kalampahan gesang menika, awit saking pamirsanipun ingkang ugi taksih ngremenaken bilih wayang kulit menika dipunpentasaken. Ing pangertosan, bilih tanggel jawab dhalang menika, kedah saged narik pamirsanipun supados langkung remen kaliyan wayang kulit.

Adicara ingkang kalaksanan ing dinten Rebo Pon, surya kaping 24 April 2013 tabuh 19.30 WIB menika, ugi mbikak dhiskusi kaliyan Dr. Suwardi, M.Hum minangka Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY. Saking pangandikanipun Bapa Suwardi, bilih kahanan ingkang ndamel owah lan gingsiripun kawontenan wayang salah satunggalipun, inggih persepsi bilih wayang menika paring tuladha kekerasan dhumateng para mudha, awit wonten sarantaman pasugatan wayang menika wonten adhegan perang antawisipun satriya kaliyan buta. Ananging, kasunyatan menika namung katilik saking sudut pandang ingkang setengah-setengah. Sejatosipun mbok bilih kersa ndhedhah babagan saking lampah lakunipun Arjuna wontening pewayangan menika estunipun kathah filosofi-filosofi ingkang paring piwucal unggah-ungguh.

“eee.. bleg geduwek uget-uget” wuda raosipun Bapa Suwardi ngregengaken swasana.

Ing pungkasan, bilih wayang kulit ing wekdal sakmenika gadhah panggadhang-gadhang mboten namung paring tontonan ananging ugi kedah saged ndherek nyengkuyung pendidikan karakter kangge para mudha.

Wacana Prosedural : Gaplek "Riwayatmu Kini"

Gaplek inggih menika salah satunggaling jinis komodite pertanian ingkang kondhang wonten ing tlatah Gunungkidul. Sanadyan sampun kawentar bilih Gunungkidul menika, dhaerah tandus lan kirang toya, ananging ing kanyatan, kathah masyarakat ingkang taksih kersa ngrukti sabin minangka pakaryanipun. Ing Wulan September menika, kaprenah wancinipun para petani ing wewengkon menika, saged ngundhuh asiling nggulawenthah gaplek utawi tela pohung. Gemah ripah loh jinawi, kadosipun pangajab menika jumbuh kaliyan kawontenanipun petani ing Gunungkidul, kados bebasan “nandur kayu, isa metu pangane”.

Thiwul, dhaharan khas saking Gunungkidul menika bahan bakunipun gaplek. Awit saking teknologi ingkang majeng, kathah jinising thiwul olahan ingkang dipundamel manual menapa dene instan, pramila thiwul menika dados dhaharan ingkang kedah dipunasta minangka angsul-angsul saking Gunungkidul. Kejawi saged dipundamel thiwul, tela pohung menika ugi minangka bahan baku kangge ndamel kripik, gethuk, cemplon menapa dene roti. Awit saking kathahipun ingkang mbektahaken tela pohung kangge nyengkuyung Industri Kecil Menengah, pramila taneman menika dipunbudidayaken kanthi tumemen. Adatipun ing dhusun, para petani menika menawi sadean tela pohung kathah ingkang dipundamel gaplek rumiyin, amargi saged ndamel reginipun langkung inggil. 

Ngrembakanipun inovasi olahan pangan ingkang kadamel saking tela menika, estunipun langkung saged nginggilaken regi tela ingkang kawastanan anjlog ing wulan September taun menika. Ananging, ngengingi bilih wekdal panen samenika wancinipun sesarengan, pramila andadosaken regi tela menika murah sanget. Bab sesadean tela menika, wonten kalih jinis. Ingkang sepisan, para petani menika langkung sreg nyade telanipun kanthi dipuntebasaken, awit menawi dipundamel gaplek taksih kedah mbektahaken tenaga malih kangge mbedhol, ngikriki, lan mepe, ewa semanten ugi kedah maringi tukon sabun malih kangge tukang ingkang sampun mbiyantu. Pramila langkung eca menawi dipunsade tela langsung. Kaping kalihipun, wonten saperangan ingkang remen ndamel gaplek rumiyin, salajengipun dipunsade, ing kanyatan menika saged ndamel regi tela radi inggil tinimbang dipunsade langsungan. 

Menapa dene ingkang sampun kaandharaken wonten ing ngajeng, bilih tela menika minangka bahan bakunipun kangge ndamel thiwul. Lampahipun ndamel thiwul menika, tela ingkang sampun dipunbedhol, salajengipun dipunkeriki lan dipunpepe ngantos garing, samangke saged dipunwastani gaplek. Gaplek ingkang sampun garing menika dipuntumbuk ngantos dados tepung, salajengipun saged dipunolah dados thiwul. Kejawi saking menika, gaplek ingkang sampun garing ugi saged dipundadosaken gathot. Gaplek ingkang sampun dipunpepe, salajengipun dipunkumbah ngantos resik. Samangke menawi sampun, enggal-enggal dipundang ngantos empuk lan dipunparingi parutan klapa.

Dhedhaharan ingkang kadamel saking gaplek, estunipun taksih kathah sanget jinisipun, menapa malih menawi wonten inovasi-inovasi enggal ingkang rinacik dening penggiat jajanan kuliner. Kadosta jajanan ingkang samenika ngrembaka wonten ing sapinggiring margi kampus UNY, “Singkong Aneka Rasa”, ingkang ndamel tela menika anggadhahi raos werni-werni, wonten keju, coklat lan sapanunggalanipun. Usaha Kecil Menengah menika minangka upiyanipun para mahasiswa ingkang gadhah greget saha semangat wirausaha wonten ing gesang bebrayan, pramila kangge nyengkuyung ide saha kreativitas menika, universitas ngawontenaken pembinaan program kreativitas mahasiswa ingkang samangke lolos, badhe dipunparingi dana kangge usaha. Salah satunggaling tuladhanipun inggih “Singkong Aneka Rasa” menika.

Wonten malih camilan ingkang kadamel saking tela, inggih menika kripik. Majengipun wekdal, andadosaken persaingan usaha ingkang langkung ketat lan mbektahaken ide-ide kreatif para kadang wirausaha. Kados dene menapa ingkang saged katingal samenika, bilih dhaharan tradhisional dipuninovasi kanthi cara modern. Wonten ingkang wujudipun kripik tela, ananging samenika raosipun dipundamel werni-werni, mboten kados kala rumiyin malih ingkang namung wonten pedhes saha asin. Kawontenan menika sejatosipun nggambaraken bilih kreativitas menika wonten, amargi dipunpeksa wonten, ngengingi bilih usaha, menapa malih bab dhehaharan menika kedah cumepak ide-ide kreatif-ipun.

Panaliten Bidang Pangan nyebataken, bilih tela menika ngandhut zat karbohidrat kados dene sekul, ingkang saged andamel tuwuk menawi dipundhahar. Saking asiling gaplek garing ingkang awujud tepung menika sampun asring dipundadosaken minangka bahan bakunipun ndamel roti, kadosta dhonat. Menawi langkung kersa ngolah malih, estunipun tepung tela/tapioka menika saged dados produk lokal ingkang saged nggantos kawontenanipun tepung sagu. Bidhal saking menika, sejatosipun pamarintah estu saged ngangkat regi tela kangge makmuraken para petani ing tlatah Jawa. Keprana, bilih samenika petani namung dados kulinipun monopoli pabrik ingkang sawiyah-wiyah nemtokaken regi bakulan.

Straight News : BBM Enggal "Ndalu Kewengen"


Adicara Bincang Bimbang Mahasiswa (BBM) kanthi irah-irahan “Keroncong: Kecolong, Kepocong atau Ketolong?” kawontenaken dinten Rabu, 25 September 2013 mapan ing Pendhapa Teja FBS tabuh 19.30 WIB, dipunmandegani dening BEM FBS.

BBM menika minangka salah satunggaling pethetan saking sedaya adicara Semarak September ingkang rinacik dening kadang pangemban BEM FBS kanthi tema “hamemayu hayuning bawana.” Dene ingkang minangka pangarsa panitianipun inggih menika Muhammad Subhan (PB Musik 2012).

Adicara ingkang minangka sabdatamanipun personil saking “Ndalu Kewengen” menika, sejatosipun badhe ndhedhah musik keroncong minangka produk budaya lokal ingkang kawontenanipun, ketingal sampun.mrihatosaken. Kados dene ingkang dipunaturaken dening Akhlis Maula Ma’rifat (PBI 2011), ingkang dados penanggung jawab adicara BBM #2 “ningali kasenian wayang ingkang sampun dipunklaim dening negara sanes, pramila kawontenan keroncong menawi mboten dipunuri-uri saha dipunlestantunaken, saged kadadosan mekaten”

Adicara sharing menika dipunrawuhi dening mahasiswa FBS, perwakilan Ormawa saha para masyarakat umum ingkang remen kaliyan musik keroncong.